Friday, May 18, 2012

KADONYAN


KADONYAN
  • Pitudúh : # 92 : Båndhå kang rêsík iku båndhå kang såkå nyambút karyå lan såkå pamêtu séjéné kang ora ngrusakaké liyan. Déné båndhå kang ora rêsík iku båndhå cólóngan utåwå såkå nêmu duwèkíng liyan kang kawruhan síng duwé. 
  • Pitudúh : # 93 : Kadonyan kang ålå iku atêgês múng ngångså-ångså golèk båndhå donyå ora mikiraké kiwå têngêné, ugå ora mikiraké kahanan batín. 
  • Pitudúh : # 94 : Golèk båndhå iku samadyå baé, udinên katêntrêman njåbå njêro. 
  • Pitudúh : # 95 : Båndhå iku anané múng anèng donyå, mula yèn mati ora digåwå. 
  • Pitudúh : # 96 : Wóng golèk kêmakmuran iku ora kalêbu ngoyak kadonyan. 
  • Pitudúh : # 97 : Båndhå iku gawé múlyå lan ugå gawé cilåkå. Gawé múlya lamún såkå barang kang bêcík, gawé cilåkå lamún såkå barang kang ålå. 
  • Pitudúh : # 98 : Wóng uríp åjå tansah kêpingín båndhå baé, jalaran kasugihan iku ing samångså-mångså biså gawé cilåkå. Pitudúh : # 99 Síng såpå tansah ngêgúngaké pangkaté, wirang lamún ånå owahing jaman. Síng såpå ngêgúngaké bandhané, wirang lamún sírnå bandhané. 
  • Pitudúh : # 100 : Dhèk jaman kunå pêrang iku rêbutan båndhå, nêgårå, lan mbóyóng putri. Nangíng jaman iku ilang barêng wís ngêrti mênåwå wanitå bóyóngan mau biså gawé ringkihíng nagårå.
  • Wêwalêr : # 101: Båndhå iku pêrlu nangíng åjå diumúk-umúkaké, drajad lan pangkat iku pêrlu, åjå dipamèr pamèraké, jalaran biså mlèsèdaké awaké dhéwé. 
  • Wêwalêr : # 102: Åjå mélík darbèking liyan, margå rêbutan råjåbrånå lan wanita iku biså gawé congkrahíng pårå sujånå lan gawé nisthaníng ati. 
  • Wêwalêr : # 103: Åjå sênêng mamèraké båndhå lan ngêgúngaké pangkat, sêbab båndhå biså lungå, drajad/pangkat bisa oncat. Wêwalêr : # 104 Åjå sênêng marang wóng kang ngujå håwå napsu margå akèh bandhané. Jalaran båndhå mau bisa gawé cilåkå amargå durúng mêsthi båndhå kang rêsík.
"Aja Adigang, Adigung, Adiguna"
"Aja dumeh".
"Aja gumunan, aja getunan, aja kagetan, aja aleman"
"Aja ketungkul marang kalungguhan, kadonyan lan kemareman"
"Aja kuminter mundak keblinger, aja cidra mundak cilaka, sing was-was tiwas"
"Aja milik barang kang melok, aja mangro mundak kendo"
"Ajining raga gumantung ana ing busana, ajining dhiri dumunung ana ing lathi".
"Alon-alon waton kelakon".
"Ana rembug, dirembug".
"Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani".
"Memayu hayuning bawana, ambrasta dur hangkara"
"Nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake".
"Ora ubet, ora ngliwet".
"Sekti tanpa aji-aji, sugih tanpa bandha"
"Sepi ing pamrih rame ing gawe, banter tan mbancangi, dhuwur tan ngungkuli"
"Sing prihatin bakal mimpin"
"Sing resik uripe bakal mulya"
"Sing sabar lan ngalah dadi kekasih Allah"
"Sing salah bakal seleh".
"Yen wedi aja wani-wani, yen wani aja wedi-wedi".

0 comments:

Post a Comment